Selamat Pagi Masyarakat Desa Kalibatur………………………..

Pemilihan Kepala Desa Kalibatur sudah mendekati jadwal yang telah di tentukan. kali ini admin mengingatkan kembali terkait jadwal Pemilihan Kepala Desa serentak yang di adakan Kabupaten Tulungagung yaitu tanggal 09 Juli 2019 salah satunya Desa Kalibatur juga menggelar pemilihan Kepala Desa Kalibatur pada tanggal tersebut.

Monggo-monggo pak buk mas mbak dek seng wes di Coklit karo Panitiane mestine bakal oleh undangan coblosan neng TPS seng di sediakne Panitia. seng urung oleh undangane sabar nggeh di rantos dugine undangane.

lak wes oleh undangane monggo di iling-iling nomor urut calon seng areke di pilih, utowo di apali kae foto-foto calon seng bakal di pilih, engko sanu lali ae karo calon lurah pilihane, engko potone admin ae sanu seng kok coblos yo ra enek jelase wong sampean ae ra eruh kok admine sopo ngno wkwkwk.

wes ngono ae ngge pepeling pilihan lurah, pisan nkas ojo lali tanggal 9 Juli 2019 dinone seloso. seng kerjo ijin bos e dewe-dewe engko njalok kon ngizine admin ae sanu, seng penggaeane open-openane sapi, wedus, pitek opo kucing yo di pakan disek sak urunge budal mesakne lak keluwen, koyok admin biasane kakean nulis sampek lali bak e urung madang. pokok sapi wedus e pitik lan open-open liane penteng ra digowo neng panggon TPS mesakne panitiane lak dadak kon ngaretne utowo golekne pakan ihihihi.

eeh pisan engkas yo lur, ojo sampek salah pilih calon lurah idamanmu pokok ojo mengidamkan mimin yo luuurrrr engko mimin bingung lak terkenal gek terus mlebu TV. tenan lo yo luurrr ojo sampek salah pilih tenan lo luuurrr kerono pilihanmu kui nentokne kemajuane DESOMUUUUUUUU opo ra kepingin Deso Kalibatur ki maleh hebat ben iso njunjung duwur jenenge desomu beh ben ndak mek panggone seng neng duwur ngono lo luuurrrrr.

yo wes, entek seng wes tak atrurne ngono ae yoo pokok tanggal 9 Juli 2019.

weehh iyo siji nkas Khusus iki meng Bosone Mimin Mosah Masih kerono ngumumne neng masyarakat Desa Kalibatur ki bosone yo ngene iki bene di dilok wong-wong adoh kono gek ra ngerti ben mbukak GOOGLE TRANSLATE.

Bagaimana reaksi anda mengenai artikel ini ?